Sinom saka garba tembung si+enom.Si enom bocah kang ngancik dewasa kang isih durung duwe kapinteran apa-apa,anaging wiwit kepengen ngerti,mula ing wektu si enom iku akeh diwenehi piwulang lan pitutur supaya kanggo sangu ing tembe ngancik dewasa.
Ana ing wektu cilik iki si enom wiwit ono owah-owahan ing jasmani kang tumus ana ing rokhanine,mula owah-owahan jasmanine mau ugi diadani upacacara kang awujud slametan.Owah-owahan mau yen kakung wiwit ngimpi kang kasebut wiwit akil baliq,yen wadon wiwit nggarapsari.Bocah lanang kang ngancik dewasa ora ditenganake karumpaka nganggo upacara,yen wadon dirumpaka nganggo upacara kang kasebut tarapan.
Tarapan yaiku bocah wadon wiwit nggarapsari,sajerone pitung dina bocah ora kena metu saka omah, gelungane ditaleni nganggo lawe supaya aja wudhar lan ora kena adus.Yen Lungguh nganggo semek jamu galiyan dikanthongi sarta dirangkepi lawon.Sawise pitung dina banjur diadani siraman.Sarampunge adus banjur jejamu mamahan kaya nalika tetesan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar