Rabu, 29 April 2015

Contoh Tembang Mocopat Sinom Part 1

Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong Agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesung tapa brata
Tanapi ing siang ratri
Amemagung karyanak tyas ing sasama


Mangkono jatining sandhang
Dumunung tindak utami
Macan mati ninggal lulang
Gajah mati nilargadhing
Lamunta janma lalis
Tilar nama ingkang arum
Ingaran lelampahan
Murakabi ingkang arum
Ingaran lelam,pahan
Murakabi ing sesami
Salaminya den memulya para putra


Lah sira iku wong apa
Wani malbeng tamansari
Rupamu bagus taruna
Pinangkanira ing ngendi
Lan sapa  kang wewangi
Angkua mumpung durung
Plastra siya-siya
Baya tan kulak pawirtiwi
Lamun bisma lagya winongwong jawata


Sun iki dutaning Nata
Prabu Kenya Majapahit
Kekasih Darmasasangka
Atma mantune Ki Patih
Magang nyar awak mami
Lah tah Bisma praptaningsum
Ingutus Sang Narpendah
Kinen mocok murdantaji
Marma ingsun ingutus ywa mindho karya


Gumendhung Si Damarwulan
Lancang pangucapnya wengis
Degsura atinggal tata
Adol kuwanen mring mami
Tau tatu tandhing jitus
Papak mangsa padha
Sirarsa ngayon ayoni
Lah ta mara katogna subudinira



Cuma segini yang dapat saya posting,selanjutnya akan saya posting lagi di postingan saya selanjutnya.Dengan Judul Contoh  Tembang Mocopat Sinom Part 2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar